Ing jaman biyen Layang iku biasa dadi alat komunikasi andhalan kanggo ngetokake gagasan lan uneg-uneg marang sapa wae. Layang iku wujud lan warnane akeh banget rupane.
Coba gatekno !
1. Miturut jenise Layang kaperang ana 2 yaiku :
- Layang Resmi / Formal
- Layang Non formal / Ora Resmi
Kang kalebu Layang Resmi yaiku :
- Layang Tugas ( Dhawuh )
- Layang undangan ( Ulem-ulem )
- Layang Kerja ( Lamaran Nyambut Gawe )
Kang kalebu Layang Ora Resmi yaiku :
- Layang Iber ( pribadi, kaluwarga )
- Layang Kitir ( Faximili, Sms )
- Adhangiyah
- Pembuka
- Isi
- Penutup
- Papan lan titi mangsa
- Adhangiyah : Unggah-ungguh tumrap sing ngirim lan sing dikirim ing layang. Kang unine biasane mugi katur ...
- Pembuka : Yaiku bebuka kang isisne kabar keselametan perang pada kapisan ing layang
- Isi ( Wos) : Yaiku surasane layang sing pokok. Ing Layang manggon ing perangan podo kapindho
- Penutup ( Wasana Basa ) : Yaiku perangan layang muni wasana cekap semanten ...
- Papan lan titi mangsa : Yaiku tanggal penulisan layang lan pengirim layang sarta ing ngendi layang mau ditulis .
4. Coba gatekna tuladha saka bagian-bagiane surat ( Layang )
5. Surat Ijin ora mlebu Sekolah
Surabaya, 20 Januari 2009
Ing nigisor iki tuladha nggawe surat ijin ora mlebu Sekolah
Katur
Bapak/ibu Guru
SMPI Al-Kamal
Rembang
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sesarengan serat punika kula wali murid saking :
Nami : Raffi Ahmad
Kelas : 7A
Dinten : Jum'at
Tanggal : 20 Januari 2009
Nyuwunaken iji putra kula mboten mlebu sekolah amargi sakit.
Cekap semanten, saking kawigatesanipun kula matur nuwun.
Walaikumsalam Wr.Wb.
Saking Wali murid
H.Mustofa
6. Layang Pribadi
Surabaya, 17 Januari 2009
Katur
Pak Dhe/bu dhe
Ing Dalem
Blitar
Ingkang sembah pangabekti.
Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan ibu saha adik-adik pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun pak dhe lan bu dhe inggih semanten.
Bu dhe lan Pak dhe, benjang liburan tanggal 20 Januari 2009 liburan semester 1 , kula badhe liburan dateng dalemipun kaliyan adhik-adhik. Dene menawi Pak dhe lan Bu dhe kagungan wekdal kula dipunteraken dateng makam Bung Karno.
Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten
Sungkem Kula
Arifa
11 komentar:
Silakan dibaca ... :D
blognya cakep :)
makasih..
matur nuwun
Arigato , matur nuwun
Blognya lucu bingiiiiiiitss gimana cara buatnya?:)
Siip....mantaaf. matur nuwun. rutam nuwun.
blognya kreative :)
blognya keren //
kak, cara mbuat animasi kayak hewan apa tulisan muter di panah itu gmna kak?
pengen bisa,,
Yup
Posting Komentar